Serat Pararaton

Serat Pararaton (1912) gubahané R. Mangkoedimedja

Pararaton (ꦥꦫꦫꦠꦺꦴꦤ꧀), Serat Pararaton (ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦥꦫꦫꦠꦺꦴꦤ꧀), utawa Pustaka Raja (ꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏꦫꦗ), tegesé "buku bab para ratu", iku babon basa Jawa kang kalebu ing sastra Jawa Tengahan. Babon iki isi 32 kaca ukuran folio lan ngemu 1.126 larik. Surasané bab sajarah ratu-ratu ing Singasari lan Majapait. Sapa kang nulis babon iki, tekan sapréné ora kaweruhan.

Pararaton diwiwiti mawa carita panitisé Kèn Angrok ing alam donya. Dhèwèké mono kang miwiti Karaton Singasari (1222–1292).[1][2] Saparo isiné babon carita bab limpadé Kèn Angrok ing nglakoni urip nganti dadi ratu ing taun 1222. Lakoné mau uga cawuh karo mitos. Candhaké, isiné babon banjur wujud cuwilan-cuwilan carita kang urut titimangsané. Akèh lelakon ing kono kang kacathet titimangsané. Nyedhaki pungkasaning carita, katerangan sajarahé sansaya cekak lan cawuh karo katerangan sarasilahé sentana Karaton Majapahit.

Wigatiné Kèn Angrok ing babon iki ora mung katon saka dawané carita bab dhèwèké, nanging uga saka kapacaké jenengé ing sesirah liya babon iki Serat Pararaton atawa Katuturanira Kèn Angrok. Yèn ngèlingi candra sengkalané, babon iki nuduhaké titimangsa 1522 Saka (udakara taun 1600 M). Pérangan pungkasan babon iki dinuga dianggit antarané taun 1481 lan 1600 M.

  1. Johns, Anthony H. (1964). "The Role of Structural Organisation and Myth in Javanese Historiography". The Journal of Asian Studies. 24 (1): 91–99. doi:10.2307/2050416.
  2. Mangkudimedja, R. M. (1979). Serat Pararaton: Ken Arok (ing basa Indonesia). Departemen P dan K, Proyek Penerbitan Buku Sastra Indonesia dan Daerah.

Developed by StudentB